Senin, 26 September 2011

Lyrics " Nagih Janji" Vita KDI

kelingan rikolo urip bebarengan
bungah susah kabeh ra dadi alangan
senajan sedino mung mangan sepisan
ati seneng anggone urip bebrayan

nanging saiki uripmu uwes mulyo
banjur lali rikolo jaman semono
mangan enak turu penak kerjo menak
njur lali marang aku sreng rumat anak

tego tenan sliramu marang awakku
mbok tinggal lungo suwe opo dayaku
saiki tak kakiting dadi janjimu
lali aku ojo lali anakmu

anakmu saiki wes gede gede
pengen nyuwun pirso sopo toh bapake
udan tangis atiku tambah nelongso
ning atiku yo soyo mbok sio sio

jawaban:

yo pancen wes suwe anggonku lungo
nggonku urip adu nasib ono kutho
aku ninggal anak bojo lan wong tuwo
urip neng deso tansah keloro loro

pancen saiki uripku wes mukti
nanging ojo mbok anggep aku wes lali
jroning ati mung tansah ono sliramu
luwih luwih dadi sumpah jroning atiku

pancen wes dadi sumpah jroning atiku
yen durung biso keturutan karepku
aku ra bakal lali mreng wekasanmu
mung tak jaluk sabar ngenteni tekaku

yen anakmu takon sopo bapake
kuwi kabeh ngono wes ono benere
kandanono aku seh nyambut gawe
nggo mulyake anakmu klawan kowe (2x)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Suwon Dolor...